Kebumen, blakasuta news, kamis, 24 Juli 2025 – Kejaksaan Negeri (Kejari) Kebumen nuduhna komitmene nggo memberantas korupsi karo nahan wong loro sing diduga nyimpangna duit dana desa nang Desa Wotbuwono, Kecamatan Klirong, Kabupaten Kebumen. Penahanan kiye pas karo pengetan Hari Bhakti Adhyaksa dina Selasa, 22 Juli 2025.
Wong loro sing wis ditahan yaiku ES (Kepala Desa) lan NW (Bendahara Desa). Wong loro kuwe diduga melu nyalahgunaaken Dana Desa Anggaran Tahun 2021 nganti 2022. Kasi Intel Kejari Kebumen,
Sulistyohadi, S.H., negesna nek penahanan dilakoni nang Kantor Kejaksaan Negeri Kebumen lan banjur wong loro kuwe dititipna nang Rumah Tahanan Negara Kelas IIB Kebumen.
Sekang hasil penyidikan awal, dugaan penyelewengan dana desa kiye wis nyebabna kerugian duit negara sing lumayan akeh, dikira-kira nganti Rp 236.117.134.
Kanthi ditahane wong loro perangkat desa kiye, Kejari Kebumen ngirim pesen sing tegas maring kabeh pengelola keuangan desa ben tansah ngutamaken prinsip ngati-ngati lan transparan neng pengelolaan duit negara.
Kasus kiye diarepna dadi momentum nggo ningkatna akuntabilitas lan pencegahan tindak pidana korupsi nang tingkat desa.
Proses hukum sabanjure bakal nggawa perkara kiye maring pengadilan nang Pengadilan Tindak Pidana Korupsi (Tipikor) Semarang, sing ngarepna keadilan bisa ditegakna sesuai karo ketentuan hukum sing berlaku.
Reporter - Blakasuta News

