KEBUMEN, Puring Rebo 22 OKTOBER 2025 – Suasana sing khidmat tur kebak semangat kebangsaan madangi lapangan tengah SMP Negeri 2 Puring dinané kiyé neng rangka ngéling-éling utawa peringatan Hari Santri Nasional (HSN) 2025.
Kabéh siswa-siswi, kawit kelas VII nganti IX, padha ngumpul nganggo seragam khusus santri: sing wadon nganggo gamis tur sing lanang nganggo baju muslim komplit berpeci, gawé pemandangan sing prasaja ananging ramé.
Acara sing dipusatna neng Halaman Tengah Sekolah kiyé dibuka pas dina peringatan HSN, Rebo, 22 Oktober 2025.
Kepala Sekolah SMPN 2 Puring, Ibu Peni Mawarningrum, S.Pd. ngomong sambutan sing menggugah. Nyongé negasna nek peringatan HSN kuwé ora mung seremonial tok, tapi iki momen penting banget neng pendidikan karakter.
"Dina Santri Nasional kuwé wektu injun neguhna maning perané santri dadi sing njaga moral bangsa. Liwat kegiatan dina kiyé, injun ngarep-arep anakanak bisa ngrésépna nilai-nilai keagamaan, kejujuran, tur amanah," jaré Ibu Kepala Sekolah, ngaitna acara karo filosofi pendidikan sing jero.
Agenda Spesial: ARJUNA lan SHINTA Nggawé Karakter Santri
Rantaman kegiatan sing menarik lan ana gunané wis disusun apik, didhasari nilai-nilai sing disimbolna tokoh pewayangan:
* Pembukaan neng Halaman Tengah: Kabéh warga sekolah ngumpul.
* Asmaul Husna (ARJUNA): Maca Asmaul Husna bareng-bareng sing nanem nilai Asmaul Husna, Religius, Jujur, Niat, lan Amanah.
* Bersholawat (SHINTA): Nembang sholawat bareng-bareng gawé suasana Sholawat, Harmoni, Iman, Nyaman, Taqwa, lan Amanah.
* Kerja Bakti (KEBA): Kegiatan kebersamaan kiyé dadi praktik nyata kepedulian sosial tur tanggung jawab marang lingkungan sekolah.
* Makan Bersama Gratis (MBG): Momen kebersamaan kiyé ngeratakna tali persaudaraan tur nanem rasa syukur.
Peringatan HSN 2025 neng SMPN 2 Puring kiyé kasil nyajikna campuran antara spiritualitas keagamaan karo semangat kebangsaan, sekalian nanem karakter positif marang siswa cocog karo Keputusan Presiden Nomor 22 Tahun 2015 bab Hari Santri Nasional.
Blakasuta Media

