🏡 KANTOR REDAKSI BLAKASUTA NEWS: DESA KALIBEJI RT.04 RW.01 KEC.SEMPOR — KAB.KEBUMEN, 💯 APA ADANYA, UNTUK INDONESIA 🇮🇩

DANA DESA WOTBUWONO AMBYAR, LORO DADI TERSANGKA



KEBUMEN, Blakasuta News , Kejaksaan Negeri (Kejari) Kebumen ora main-main babagan korupsi nang desa. Saiki, ana kabar apik kanggone wong-wong sing anti korupsi. Loro wong resmi dadi tersangka kasus dugaan penyalahgunaan Dana Desa Wotbuwono, Kecamatan Klirong, Kabupaten Kebumen. 


Kabar kuwi metu dina Slasa, 22 Juli 2025 wingi.

Penyidik Kejari Kebumen wis nemokake bukti kuat anane penyelewengan dana desa taun anggaran 2021 nganti 2022. Jare, duit rakyat kuwi dienggo ora bener, ora manut aturan, lan wis jelas-jelas nggawe negara rugi.




"Penanganan perkara iki dilakoni miturut Surat Perintah Penyidikan Kepala Kejaksaan Negeri Kebumen Nomor: PRINT-01/M.3.25/Fd.2/02/2025 tanggal 13 Februari 2025," ngono jare akun resmi media sosial Kejari Kebumen, sing mastikna kabar iki, Slasa 22 Juli 2025.


Jeneng-jeneng tersangka durung diumumke kanthi resmi, ning pihak Kejari wis janji bakal terus ngembangke penyidikan. Karepe, sapa bae sing melu-melu nang kasus iki kudu dibongkar. 


Kasus iki dadi pelajaran penting kanggone kabeh perangkat desa. Duit desa kuwi kudu dikelola kanthi transparan lan tanggung jawab. Aja nganti ana sing wani-wani nyolong duit rakyat, merga kemajuan lan kesejahteraan masyarakat desa kuwi sing paling penting! (Blakasuta News/*)


Publisher - By Admin

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Formulir Kontak